I made this widget at MyFlashFetish.com.

Rabu, 14 Januari 2015

BAB AIR LIUR KUCING

Materi kuliah subuh ke 133 oleh bapak Muntaha,S.Ag,S.Pd

عن عائشة عن النبيّ صلعم أنّه كان يصغي إلى الهرّة الإناء حتّى تشرب ثمّ يتوضّأ بفضلها وقال إنّها ليست بنجس إنّها من الطّوّافين عليكم والطّوّافات  (رواه الدار قطنيّ)
Bersumber dari Aisyah dari Nabi saw bahwa ia pernah menyodorkan bejana kepada kucing sehingga kucing itu minum, kemudian Nabi saw wudhu dengan sisanya. Dan bersabda Nabi sesungguhnya kucing itu tidak najis karena sesungguhnya kucing itu adalah binatang yang keluar masuk dirumah kamu. (HR.Daru Quthni)
Penjelasan:
Yang bisa saya jelaskan melalui hadis meniko enggemeniko bele rumah tanggae Aisyah kalian Nabi saw meniko klebu rumah tangga ingkang seneng ingon-ingon kucing. Kados kulo kados sampean kadang-kadang yo ono sing seneng ingon-ingon kucing. Nek kapan dalam sebuah rumah tangga meniko  seneng ingon-ingon kucing berarti kucing kolowau dipun ramut sing sak mestine ateges kucing kolowau dipun pikirno mangane,kucing kolowau dipun pikirno ngombene, kucing kolowau dipun pikirno ngisinge, lan ugi kucing kolowau dipun pikirno turune. Berarti seben dino rumah tangga kolowau dipun glibeti deneng kucing. Mlebu metu ono kucing ancen jalaran ngingu kucing.
Jalaran ngingu kucing biasane kolah ingkang kito damel wudhu meniko dipun gawe langganan ngombe kucing. Mulo sak-umpamane sampean ngeweroi kolah sampean meniko didilati kucing apakah air bekas jilatan kucing itu masih bisa digunakan untuk berwudhu? ataukah sebaliknya air bekas jilatan kucing itu dianggap najis sehingga tidak bisa digunakan untuk berwudhu? Hal meniko dipun bakhas dalam materi fiqih supoyone sampean meniko ngerti kadospundi khukume banyu sak wuse diombe kucing saged nopo mboten dipun damel wudhu. Angsal nopo mboten  nipun damel wudhu.
Jawabane engge meniko mengambil contoh songko rumah tanggae Nabi kalian Aisyah. Kucing sing diingoni Nabi tibak’e ngombene meniko wonten ing jeding sing biasae dipun damel wudhu Nabi. Senajan Nabi semerap jedinge meniko dipun dilate kucing tapi Nabi tetep wudhu dengan menggunakan air sisa diminum oleh kucing. Malah Nabi bersabda: kucing itu binatang yang tidak najis. Ulune yo gak najis, ilere yo gak najis sebab kucing itu termasuk binatang kesayangan yang biasa dipelihara oleh pemiliknya dan tentunya hidup dalam satu rumah. Oh nek ngono berarti ngingu kucing dalam rumah tangga iku oleh ganjaran. Terus sak umpomo kucing mau sampek menjilat air untuk wudhu maka perilaku yang seperti itu tidak menyebabkn najis sehingga air sisa kucing itu tetap suci dan bisa kita gunakan untuk sesuci alias berwudhu. Kiranya itu yang dimaksud hadis yang saya baca. Sekian wassalam.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar