Minggu, 18 Maret 2012

Proses membangun sebuah rumah tangga


عن أبي هريرة عن النبي صم قال: تنكح المرأة لأربع, لمالها ولحسبها ولجمالها ولدينها فاظفر بذات الدين تربت يداك (رواه الجماعة إلا الترميذي)
Dan dari Abu Huroiroh dari Nabi saw ia bersabda: Wanita itu lazimnya dikawini karena empat hal: karena hartanya, karena keturunanya, karena kecantikanya, dan karena agamanya. Maka pilihlah wanita yang beragama jika tidak maka binasalah engkau.(HR.Jamaah kecuali Tirmidzi)
Penjelasan:
Hadist kalowau maringi informasi dumateng kito bele menawi anak-anak kito bade mbangun sebuah rumah tangga maka rumah tangga itu bisa dibangun melalui empat pilihan. Banjur patang pilihan iku opo wae. Lamon tak jawab terus tak gambarno iku podo karo ono wong wedok dijejer sampek papat. Wong wedok sing dijejer sampek papat iku mau duweni kelebihan dewe-dewe. Wong wedok sing nomer siji kelebihane yoiku sugeh tur duwite akeh. Banjur wong wedok sing nomor 2 kelebihane yoiku songko keluarga sing duweni kedudukan, banjur wong wedok sing nomer 3 kelebihane yoiku wong wedok sing ayu koyok bintang filem. Banjur wong wedok sing nomer 4 kelebihane yoiku wong wedok sing ngerti agomo ateges wong wedok sing sholihah.
Sak marine wong wedok papat mau dijejer dengan kelebihanya masing-masing banjur anak-anak dewek sing arep mbangun rumah tangga mau dikongkon milih. Milih sing nomor 1, milih sing nomor 2, milih sing nomor 3 opo milih sing nomor 4. Lamon milih wong wedok sing nomor 1 berarti rumah tanggamya itu akan dibangun melalui jalur pintu harta kekayaan. Trus lamon milih wong wedok sing nomor 2 berarti rumah taungganya itu akan dibangun melalui jalur pintu kedudukan. Trus lamon milih wong wedok sing nomor 3 berarti rumah tangganya itu akan dibangun melalui jalur pintu kecantikan. Trus lamon milih wong wedok sing nomor 4 berarti rumah tangganya itu akan dibangun melalui jalur pintu agama.
Untuk memilih salah satu dari empat pilihan tersebut seje uwong seje pilihan. Uwong iku Ono sing seneng milih wong wedok sing nomor 1 sebab sugehe. Uwong iku Ono sing seneng milih wong wedok sing nomor 2 sebab punya kedudukan dan jabatan. Uwong iku Ono sing seneng milih wong wedok sing monor 3 sebab wajahnya cantik rupawan, tapi Uwong iku ono sing seneng milih wong wedok sing nomor 4 sebab wanita sholihah.
Banjur guruku njelasno. Mun kapan kuwe mene milih wong wedok sing nomer 1 mongko bakal diwalik mbarek gusti Allah yoiku kekayaan akan berubah menjadi kemiskinan. Kapan kuwe mene milih wong sing nomor 2 mongko bakal diwalik mbarek gusti Allah yoiku kedudukan dan jabatan akan berubah menjadi kehinaan. Kapan kuwe mene milih wong sing nomor 3 mongko bakal diwalik mbarek gusti Allah yoiku kecantikan akan berubah menjadi kejelekan. Muloh songko iku miliho wong wedok sing nomer 4 yoiku wong wedok sing ngerti agomo ateges wong wedok sing sholihah. Lamon sampean iku milih wong wedok sing nomer 4 mongko disuatu saat nanti akan menjelma menjadi rumah tangga yang kaya, akan menjelma menjadi rumah tangga yang terhormat, akan menjelma menjadi rumah tangga yang sakinah mawaddah warohmah karena wanita sholihah itu tidak berpotensi luntur sedangkan wanita kaya,wanita terhormat,dan wanita cantik semuanya bisa berpotensi luntur. Oleh karena itu bangunlah rumah tanggamu melalui jalur pilihan yang nomor 4 yakni wanita sholehah insya Allah nanti rumah tanggamu akan menjadi rumah tangga yang harmonis ayem tentrem dunia akhirot. Itulah agama memberi  wawasan kepada kita agar kita dapat milih pilihan yang terbaik dari yang baik. Sekian trimakasih wassalam.

Jumat, 09 Maret 2012

3 Pahala yang tidak terputus


عن أبي هريرة أنّ النبيّ صم قال: إذا مات الإنسان أنقطع عمله ألاّ من ثلاثة أشياء: صدقة جارية, أو علم ينتفع به أو ولد صالح يدعوله (رواه الجماعة إلاّ البخاري وإبن ماجه)
Dari Abu Huroiroh bahwa Nabi saw bersabda: Apabila manusia meninggal dunia maka terputuslah amalnya kecuali 3 hal yaitu shodaqoh jariyah, ilmu yang bermanfaat, dan anak sholeh yang mendoakan kedua orang tuanya.(HR.Jamaah kecuali Bukhori dan Ibmu Majah)

Penjelasan:
Ono ganjaran 3 sing gak iso pedot senajan wonge wis mati. Ono ganjaran 3 sing gak iso putus senajan wonge wis mati. Ono ganjaran 3 sing mili terus senajan wonge wis mati. Uwong iku kapan wis mati sembarang kalire yo melu mati kejobo ganjaran 3 mau gak melu mati. Gak melu mati  ateges ganjaran 3 mau nyambung terus,mili terus,ngirimi terus  senajan wonge wis mati. Nek kapan ngono berarti ganjaran 3 mau penting kanggone wong sing mati tapi gak kabeh wong mati bakal oleh ganjaran 3 mau. Pado-podo matine ono sing oleh ono sing gak oleh. Molo sebab iku sakgurunge dewek mati ayo dipersiapkno yak-opo carane dewek iki engko kapan wis mati iso duweni ganjaran 3 mau. Nek kapan dewek wis duwih persiapan ganjaran 3 mau banjur sakwaktu-waktu dewek mati mongko dewek iki alamat bakal dadi wong sing ayem tentrem nok alam kubur sebab bakal oleh kiriman ganjaran secara terus menerus tanpa terputus sama sekali selama dia berada dialam kubur.
Terus ganjaran 3 iku opo wae. 1. Ganjarane shodaqoh jariyah 2. Ganjarane  ilmu sing bermanfaat, 3. Ganjarane anak sing sholeh. Wis saiki ayok dipikir dewe-dewe kepiye carane dewek iki duweh shodaqoh jariyah, kepiye carane dewek iki duweh ilmu sing bermanfaat, lan kepiye carane dewek iki iso duwih anak sing sholeh. Ayok diberjuangno awak dewek dewe-dewe nek iso yok 3 iku duwih kabeh. Shodaqoh jariyah duwih, ilmu bermanfaat duwih, anak sholeh duwih, lamon gak iso 3 yo 2 wae. Lamon gak iso 2 yo 1 wae. Ojo sampek dewek iku telu-telune gak duwih blas. Shodaqoh jariyah gak duwih, ilmu manfaat gakduwih, anak sholeh gak duwih. Lamon temen gak duweh babar blas berarti dewek urip nek donyo iki gagal. Mulo kapan dewek duwih anak, anak iku ayo dicetak dadi anak sing sholeh, mulo kapan dewek duwih ilmu,ilmu iku ayo diamalno, diamalno kanggo awak dewe lan ugo diamalno kanggo wong liyo. Mulo kapan dewek duwih donyo, donyo iku ayo dielong kanggo amal shodaqoh. Itulah bentuk usaha kita agar supaya kita punya 3 ganjaran yang mana 3 ganjaran itu akan menjadi hak kita baik disaat kita masih hidup maupun disaat kita sudah mati.kiranya seperti itu maksud hadist yang saya baca semoga bisa kita terapkan dalam kehidupan kita.

Jumat, 02 Maret 2012

Seorang pembantu boleh mensedekahkan harta majikanya


عن عمير قال: أمرني مولاي أن أقدر لحما, فجاء ني مسكين فأطعمته منه فضربني, فأتيت رسول الله صم فذكرت له ذالك فدعاه, فقال لم ضربته؟ فقال: يعطي طعامي من غير ان آمره, فقال الأجر بينكما (رواه أحمد ومسلم)
Dari umair ia berkata: Tuanku menyuruhku memotong-motong daging. Lalu ada seorang miskin datang kepadaku lalu aku memberinya sedikit dari daging itu. Lalu tuanku memukulku kemudian aku menghadap Rasulullah saw lalu kututurkan hal itu kepadanya: lalu beliau memanggil tuanku seraya bertanya: mengapa anda memukulnya? Ia menjawab karena ia memberikan makananku tanpa kusuruhnya. Lalu beliau bersabda: pahalanya dibagi antara kamu berdua. (HR.Ahmad dan Muslim)

Penjelasan:
Umair nyritakno pengalamane rikolo awak kerjo dadi babu. Sakmarine bendaraku nyembelih wedus banjur aku dikongkon ngapik’i ,banjur aku dikongkon gramut sakrampunge. Naliko daging wedus iku mau tak potong-potong dumbadak ono wong miskin teko perlu njaluk kepengen mangan daging kambing segar yang baru saja disembelih. Mumpung gak weruh bendoro akhire wong miskin mau tak kek’e sak cukupe. Sak wuse wong miskin iku mau mungkur dumbadak konangan bendoroku. Akhire aku diomeng entek ngamek kurang golek sampek tumeko aku diajar sampek babak belur. Akhirnya Umair datang menghadap Rasul perlu nglapurno tindak kekerasan yang dilakukan oleh majikanya terhadap dirinya. Rasul aku gak trimo Rasul aku digepuk’i bendaraku sampek babak belur saya menuntut keadilan Rasul. Akhire majikane Umair dipanggil Rasulullah untuk dimintai keterangan atas lapuran dari pembantunya yang bernama Umair. Banjur majikan kolowau ditakoni deneng kenjeng Nabi: laopo pembantu pean Umair kok pok gepuk’i, opo salae lan opo perkarane. Banjur majikan kolowau jawab: anane tak gepuk’i sebab Umair iku pembantu sing lancang, pembantu sing kurang ajar. Mosok dikongkon ngapik’i daging kok malah dikekno wong miskin sing ngemis padahal ora tak kongkon. Wong atase pembantu wae kok wani-wani ngepekno daging dikek’no wong miskin tanpa izin dari saya. Banjur Rasulullah bersabda: “al-ajru bainakuma” ateges lhe mene mane pean iku ojo ngono, menurut hukum islam seorang pembantu itu boleh mensedekahkan sebagian dari makanan majikanya tanpa harus meminta izinya terlebih dahulu. Secara dhohir sing ngemehno iku pembantu pean tapi ganjarane dibagi loro yaiku sebagian kanggo awakmu dan sebagian kanggo pembantumu. Dadi karo-karone oleh ganjaran sing podo. Kesimpulanya seorang pembantu rumah tangga itu diperbolehkan mensedekahkan sebagian dari harta majikanya tanpa izinya.

Jumat, 24 Februari 2012

ISTRI BOLEH MENSEDEKAHKAN HARTA SUAMINYA


وعن أسماء بنت أبى بكر أنّها سألت النبيّ صم. إنّ الزّبير رجل شديد. ويأتينى المسكين فأتصدّق عليه من بيته بغير إذنه, فقال رسول الله صم أرضحي ولا توعى فيوعي الله عليك (رواه أحمد)
Dan dari Asmak binti Abu Bakar sesungguhnya ia bertanya kepada Nabi saw: Sesungguhnya Zubair adalah seorang yang keras, padahal ada orang yang miskin datang kepadaku, bolehkah aku bersedekah kepadanya dari harta Zubair tanpa seizinya? Rasulullah menjawab: keluarkanlah dan jangan enkau kikir karena nanti Allah akan kikir kepadamu. (HR Ahmad)
Penjelasan:
Asmak tau nekani Nabi kaperlu nglapurno bojone. Bojone  Asmak sing arane Zubair iku dilaporno dumateng kanjeng Nabi. Trus opo perkarane? Nabi takon nang Asmak. Banjur Asmak crito dumateng baginda Rasul. Rasul bojo kulo niku lho nyenget. Nyenget kepiye sampean iku gak tau diblanjani ta? Bojo kulo niku medit Rasul. Medit kepiye sampean iku gak tau dinafkai ta? Bojo kulo niku bakhil Rasul? Bakhil kepiye sampean gak tau diingoni ta? Nek urusan blonjo Rasul kulo enggeh tetep diblanjani, nek urusan nafkah Rasul kulo engge tetep dinafkahi, nek urusan ngingoni bojo Rasul kulo engge tetep diingoni, tapi saben ono wong miskin ngemis teko nang omah gak tau dikek’i karo bojoku, saben enten tiang ingkang njaluk ten griyo mboten  nate diparingi kale bojo kulo. Saben ono wong teko njaluk sodaqoh bojoku gak tau ngemei sodaqoh. Mulo songko iku Rasul  bojoku iku tak arani wong sing nyenget, mulo songko iku Rasul bojoku iku tak arani wong sing medit. Mulo songko iku Rasul  bojoku iku tak arani wong sing bakhil. Sebab iku Rasul tak laporno dumateng panjenengan. Suwe-suwe aku gak mentolo Rasul, pas bojoku gak nang omah ono wong ngemis teko njaluk sodaqoh, banjur tak pekno duwik blonjo Rasul tanpa sepengetahuan suamiku atau tanpa izinnya suami. Kok umpamane aku kondo bojoku Rasul wis jelas diomeng sebab watek’ke bojoku iku nyenget,medit,bakhil, mentolo karo wong miskin tur gak seneng paring shodaqoh. Trus wong wedok nyolong laku ngapek duwik blonjo kaperlu untuk sodaqoh tanpa izinya suami ngoten niku dospundi Rasul. Angsal nopo mboten angsal. Menawi angsal bade kulo paringi sodaqoh maleh bele wonten tiang ngemes, menawi mboten angsal engge bade kulu lereni. Rasulullah jawab “ardhikhii walaatui’ ateges oleh senajan gak kondo bojomu, ojo pisan-pisan sampean mbalikno wong ngemis, ojo pisan-pisan sampean nolak wong ngemis sebab nek awakmu mentolo karo wong ngemis mongko gusti Allah bakal mentolo marang awakmu tapi nek awakmu luman mongko gusti Allah bakal jembarno rezeki sampean.
 Kesimpulan: oh ngono yo islam iku nek ono wong ngemis gak oleh diobrak tapi kudu diparingi sakwelase. kudu diparingi sak ikhlase, kudu diparingi sak duwene lamun terpaksa gak iso maringi diomongi sing sae ojo disinggung perasaane. Mulo kulo mboten setuju lamun ono deso masang papan pengumuman sing isine: pengamen, pemulung, pengemis dilarang keras masuk desa ini. Berarti deso iku mau deso sing nyenget dan itu menusuk perasaanya sipengemis padahal kata Rasul hormatilah pengemis itu dengan cara berilah sodaqoh seikhlasmu nanti Allah lah yang akan membalasmu. Kiranya seperti itu hadis yang dimaksud. Cukup Sekian dan trimakasih.

Jumat, 17 Februari 2012

HARTA PENINGGALAN ORANG TUA JADI REBUTAN ANAK-ANAKNYA


عن جابر أنّ رجلا من الأنصار أعطى أمّه حديقة من نخيل حياتها فماتت. فجاء إخوته فقالوا نحن فيه شرع سواء, قال فأبى. فاختصموا إلى النبى صم فقسمها بينهم ميراثا (رواه أحمد)
Dari Jabir bahwa ada seorang pria dari kaum anshor memberi kebun kurma kepada ibunya selama hidupnya lalu ibunya meninggal dunia. Kemudian saudara saudara lelakinya datang seraya berkata: kami dalam hal ini harus diperlakukan sama. Jabir berkata: lalu sipria anshor tadi menolak lalu mereka mengadu kepada Rosulullah saw. Kemudian beliau membaginya antara mereka sebagai barang warisan. (HR. Ahmad)

Penjelasan:
Zaman Nabi Muhammad saw iku ono wong gelut sakdulur, ono wong gegeran sakdulur. Ono wong padu sakdulur. Opo sebabe sakdulur wae kok gelut, Opo sebabe sakdulur wae kok gegeran , Opo sebabe sakdulur wae kok padu? Engge meniko sebab royok’an utowo rebutan donya warisan. Gara-gara oyok’an utowo rebutan harta peninggalan orang tuanya sehingga menjadi cekcok sesama saudaranya sendiri. Sebab sakdulur gak ono sing gelem ngalah akhire perkarane dadi  urus-urusan nanggone pengadilan. Timbangane gak iso nylesekno masalah wis ayo dilaporno wae nang Rosulullah saw engko cek’e diputusi Rosulullah dewe. Rasulullah lapor: tiang sepah kulo sakmeniko sampun sedo. Piambak’e gadah tinggalan harta warisan berupa tanah yaitu sebidang tanah perkebunan kurma. Mestine harta peninggalan orang tua itu menjadi harta warisan anak-anaknya. Tapi ternyata harta peninggalan orang tua saya itu ingin dimiliki sendiri oleh sudara saya. Oleh sebab itu saya keberatan dan supaya Rasulullah menyelesaikan masalah ini seadil-adilnya. Kata saudaranya yang lain: Rasulullah saya juga lapor: sak derenge tiang sepah kulo meniko sedo piyambak’e niku mboten gadah nopo-nopo Rosul banjur kulo paringi kebun kurmo. Wis mbok kebun kurmo iki tak wehno sampean. Sampean rumat sak urip sak pati kebun kurmo iki wis dadi hak sampean. Banjur tiang sepah kulo sedo Rosul maka kebun kurma yang aku berikan semasa hidupnya itu menurutku bukan termasuk harta warisan Rasul itu tetap harta saya karena sejatinya asalnya pemberian dari saya jadi sekarang saya minta kembali setelah orang tuaku meninggal dan bukan untuk diwariskan saudara-saudaraku.
Dadi dulure sing siji ngotot ngarani iku ngono termasuk harta warisan tapi dulure sing siji ngotot ngarani iku ngono dudu termasuk harta warisan. Setelah permasalahan ini dibawa ke Rosulullah maka Rasulullah membenarkan yang satu dan menyalahkan yang lainya. Sing dibenerno Rosulullah yaiku sing ngarani harta yang ditinggal mati oleh orang tua itu termasuk harta warisan. Sebab iku lhe kuwe karo-karone duwe hak mewarisinya. Kata Rosul: Akhire Rosulullah membagi kebun kurma tersebut kepada mereka berdua sebagai barang warisan.
Kesimpulan: iki bukti nyata nek kapan ono wong tuwo mati ninggalno donyo mongko donyo sing ditinggalno mau bakal dadi rebutan anak-anak’e. Mulo isuwo dadi wong tuwo sing gak sekedar ninggalno donya brono tapi isuwo ninggalno warisan pendidikan agama terhadap anak-anaknya sehingga sepeninggalnya nanti akan mempunya anak yang sholeh sholihah yang bisa mendoakanya. Kiranya seperti itu yang dimaksud hadist  yang saya baca tadi semoga bermanfaat.  Sekian wassalam

Jumat, 10 Februari 2012

ORANG TUA BOLEH MENGAMBIL HARTA ANAKNYA

عَنْ جَابِرِ بْنِ عَبْدِ اللهِ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ أَنَّ رَجُلًا جَاءَ إِلَى رَسُوْلِ اللهِ قال : إِنَّ لِي مَالٌ وَ إِنَّ أَبِيْ يُرِيْدُ أَنْ يَأْخُذَ مَالِيْ فَقَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلِيْهِ وَ سَلَّمَ : أَنْتَ وَ مَالُكَ لِأَبِيْكَ.(رواه ابن ماجه)

Dari sahabat Jabir bin Abdillah semoga Allah meridhoinya, ia bercerita: "Suatu hari ada seseorang datang kepada Rasulullah dan bertanya: Sesungguhnya aku memiliki harta, akan tetapi bapakku ingin mengambil harta itu dariku? Rasulullah menjawab: "Kamu dan hartamu milik bapakmu"
[Hadits Riwayat Ibnu Majah]

Penjelasan:
Zaman Rasul iku ono anak nglaporno wong tuane. Wong tuane dewe dilaporno dumateng kanjeng Nabi Muhammad saw: Nabi-nabi kados pundi tiang sepah kulo niku Nabi kok  busanan terus terusan ngentekno dunyoku. Lah Nek diatur ngene Nabi yok gak kober sugeh aku wong dunyoku dititili terus karo wong tuwoku. Aku jaluk penjelasane sampean Nabi pek tak omeng kok wong tuwo gak tak omeng kok jupuk’i donyoku terus. Nabi dilapori sing koyok ngono iku mau disangkakno ngleloni awak’e tibak’e Nabi ngeloni wong tuwone. Jawabane Nabi engge meniko kados mekaten. Lhe awakmu lan kabeh donyamu iku ngono milik orang tuamu.
Nek gelok jawabane Nabi Muhammad sing koyok ngono berarti iku podo karo perintah birrul walidain. Anak kudu iso berbuat baik kepada orang tua. Salah satu bentuk birrul walidain seorang anak kepada orang tuanya adalah dengan memberikan infak (shadaqah) kepada kedua orang tua. Karena semua harta itu milik orang tua. Ateges lamon ono anak sugeh, donyane ake mongko anak iku kudune iso gawe senenge wong tuwo dengan cara orang tua itu deberi infak diberi shodaqoh atau dicukupi segala kebutuhanya. Inilah islam mengajarkan birrul walidain anak harus berbuat baik kepada kedua orang tuawanya.
Jasae wong tuwo iku gede sakeng gedene sampek oro iso diitung. Ono anak gendong ibune. Ibune iku digendong anak’e. Lho Senajan koyok ngono iku isek gurung iso diarani anak wis iso mbales budi wong tuwo. Lamon ndewek kepengen mbales budi orang tua dengan harta kita itu belum bisa membalas. begitu besarnya jasa orang tua terhadap anak sehingga tidak bisa dihitung. Sebab iku anak kudu jowo karo wong tuwo. Lamon ono wong tuwo butuh duwik oleh njaluk anak. Lamon ono wong tuwo butuh sandang pangan iku oleh njaluk anak. Sebab suksese anak, sugehe anak itu asal mulanya adalah tidak terlepas dari usahae wong tuwo. Mangkane kapan ono anak sugeh ojo lali wong tuwo sebab anak anane iso suge iku sebab usahane wong tua dan dongane wong tuwo. Sebab iku ilingono wong tuwo. Kiranya seperti itulah maksud hadist yang saya baca diatas. Semoga bisa kita amalkan dalam kehidupan kita. Amin yarobal alamin.











Jumat, 03 Februari 2012

BARANG YANG SUDAH DIBERIKAN TIDAK BOLEH DIMINTA KEMBALI

وعن طا وس أنّ بن عمر وابن عبّاس رفعاه الى النبّي صم قال:لايحلّ للرجل ان يعطي العطيّة فيرجع فيها إلاّ الوالد فيما يعطي ولده ومثل الرجل يعطي العطيّة ثمّ يرجع فيها كمثل الكلب أكل حتىّ إذا شبع قاء ثمّ رجع في قيئه  (رواه الخمسة وصحّحه الترمذيّ )
Dan dari Thawus, bahwa Ibnu Umar dan Ibu Abbas,keduanya membawa hadist tersebut kepada Nabi saw ia bersabda: Tidak halal bagi seseorang yang memberikan suatu pemberian lalu ia menarik kembali pemberian itu melainkan seorang ayah yang memberikan kepada anaknya. Sedang perumpamaan seseorang yang memberikan sesuatu pemberian kepada orang lain kemudian ia menarik kembali pemberianya itu adalah seperti anjing yang makan sehingga apabila ia sudah kekenyangan ia muntah kemudian ia memakan kembali muntahnya itu. (HR. Imam yang Lima dan Tirmidzi  mengesahkanya)

Penjelasan:
Dalam hadist ini Rasulullah SAW melarang seseorang meminta kembali pemberiannya kepada orang lain, kecuali pemberian orang tua kepada anaknya boleh diminta kembali kalau memang dengan meminta kembali itu ada maslahatnya. Barang siapa yang meminta kembali pemberianya kepada orang lain maka orang itu diibaratkan seperti orang yang muntah kemudian menjilati kembali muntahnya.  Jadi apabila kita memberikan suatu pemberian kepada orang lain maka jangan sampai kita meminta kembali pemberianya itu karena orang yang meminta kembali pemberianya sama dengan orang yang menjilati atau memakan kembali muntah yang dimuntahkannya, yang boleh meminta kembali itu hanya orang tua kepada anaknya itupun kalau dipandang ada manfaatnya. Jadi intinya:
Barang sing wis diwehno uwong iku gak oleh dijaluk mane. Dewek kudu iklas lamun ngemei barang uwong ojo sampek duweni roso getun sehinggo kepengen dijaluk mane barang sing wis dikekno mau. Ngemei barang wong liyo iku dipandang mulyo deneng islam tapi lamon barang sing wis dikekno iku dijaluk mane mongko prilaku sing koyok ngono iku dipandang ino deneng islam. Mulo ojo pisan-pisan dewek meminta kembali pemberian yang sudah kita berikan kepada orang lain karena hal itu dilarang oleh islam. Semoga bisa kita terapkan dalam kehidupan.