I made this widget at MyFlashFetish.com.

Minggu, 09 Maret 2014

KEUTAMAAN RUMAH YANG JAUH DARI MASJID


Kuliah subuh ke 116 oleh Bapak Muntaha,S.Ag, S.Pd
حدّثنا أبو الزبير قال: سمعت جابربن عبد الله قال: كانت ديارنا نائية عن المسجد فأردنا أن نبيع بيوتنا فنقترب من المسجد فنهانا رسول الله صلعم فقال إن لكم بكلّ خطوة درجة
Diceritakan oleh Abu Zuber dia berkata: aku mendengar jabir bin Abdullah mengatakan. Rumahku cukup jauh dari masjid aku ingin menjualnya dan mencari ganti rumah yang dekat dari masjid. Namun Rosulullah malah melarangku dan bersabda: setiap langkah yang kamu ayunkan ada satu derajat kebaikan.Penjelasan:Zaman Rosulullah saw meniko wonten salah sijine sahabat sing rodok gak pati seneng karo omahe dewe. Oma-omahe dewe tapi gak pati dipunsenengi nopo sebape? jalaran griyo kolowau adoh songko masjid. Ingkang dipun karepno deneng tiang kolowau enggemeniko isuwo duweh omah yoiku omah sing parek karo masjid. sebab engko kapan omahe iku parek karo masjid mongko enak gak sepiro adoh-adoh mlaku nang masjid lamun nekani sholat jamaah wonten ing masjid. Saiki omahku adoh songko masjid mulo mlakune yo adoh lamon ono adzan trus gak cepet nang budal sering ketinggalan jamaah.Mulosongko iku griyo sing adoh songko masjid kolowau dipun tawak-tawakno yoiku dipun tawak-tawakno bade dipun sade dumateng sinten kemawon ingkang purun numbas. sopo sing gelem tuku tukuen omahku iki tak dol jalaran adoh songko masjid. Engko kapan wes payu mari ngono rencanaku ape tak gawe tuku omah sing parek karo masjid. Enko lamon omahku wes parek karo masjid enak budal nang masjid gak sepiro adoh yo gak sepiro gesusu jalaran mergo parek songko masjid. Barang Rosulullah krungu rencana ingkang kados mekaten kolowau tibak’e malah dipun larang. Rosulullah bersabda: urungno niatmu dodol omah sing adoh songko masjid wes jarno wae sebab mlakumu songko omah sampek tumeko masjid iku diitung langkae. Lamun mlakune sampean teko omah sampek masjid butuh 50 langkah mongko sing 25 langkah iku iso nambah ganjaran lan sing 25 langkah iku iso ngurangi doso sampean. Sakwuse Nabi dawuh kados mekaten banjur akeh poro sahabat ingkang bangun griyo boten seneng parek karo masjid tapi seneng parek karo kuburan. Tujuane kapan omahe parek karo kuburan iku iso gampangno eleng karo mati. Nek kapan dewekno iku wes gampang eleng mati mongko bakal sregep jamaah wonten ing masjid senajan omahe adoh songko masjid. Sebalik’e senajan omahe parek karo masjid tapi nek kapan gak tau eleng mati mongko tiwas parek wae ateges parek masjid tapi yo gak tau mlebu masjid. Kesimpulane: omah sing apik yoiku omah sing adoh songko masjid tapi wonge gelem mlaku jamaah ke masjid. Sebalik’e omah sing elek yoiku omah sing parek karo masjid tapi wonge orah gelem jamaah ke masjid. Kiranya seperti itu yang dimaksud hadis yg saya baca semoga bisa kita fahami untuk diamalkan bersama. wassalam

Tidak ada komentar:

Posting Komentar