I made this widget at MyFlashFetish.com.

Jumat, 03 Mei 2013

RUKUN-RUKUN SHOLAT


Bapak Muntaha, S.Ag, S.Pd
عن البراء بن عازب قال: رمقت الصلاة مع محمّد صلعم فوجدت قيامه فركعته فاعتداله بعد ركوعه فسجدته فجلسته بين السّجدتين فسجدته فجلسته ما بين التسليم
Bersumber dari Barro’ bin Azib ia berkata: aku mengamati sholatnya Nabi Muhammad saw maka aku mendapati beliau berdiri, beliau rukuk, beliau bangkit dari rukuk, beliau sujud, beliau duduk antara dua sujud, beliau sujud lagi dan beliau duduk antara salam.
Penjelasan:  
Hadist meniko njelasaken bab masalah rukun-rukun sholat. Menawi kito nglampai sholat engge meniko nglampai sholat subuh, nglampai sholat dhuhur, nglampai sholat asar, nglampai sholat maghrib dan nglampai sholat isyak mongko sedoyo sholat-sholat ingkang kito lampai kolowau kudu persis koyok dene sholate Nabi Muhammad saw.  Trus kapan gak persis kepiye? Kapan gak persis yo gak oleh kudu persis sebab perintae ndewek dikongkon sing persis. Kata Nabi “Shollu kamaa roaitumuuni usholi”. Sholato sirokabeh iku sing persis koyok dene sholat sing tak lakoni. Sebab perintae ngongkon sing persis yo ayok dilakoni sholat iki sing persis koyok dene sholate Rosulullah saw. Trus kiro-kiro ingkang dipun maksud persis wonten ing ngriki meniko kadospundi gambarane. Miturut hadist ingkang kulo waos kolowau ingkang dipun maksud persis enggemeniko persis rukun-rukune lan persis urut-urutane. Ukuran sholat sing persis koyok dene sholate Rosulullah menawi dipun njelasaken ngangge kata-kata meniko isek kurang jelas. Pramilo sakeng meniko zaman Nabi Muhammad saw wonten salah sijine sahabat ingkang nyawang secara langsung dumateng sholate Nabi Muhammad saw. Sahabat kolowau naminipun Barro’ dugi wonten ing masjid banjur ngamati secara langsung rukun-rukune utowo urut-urutane sholat ingkang dipun lampai deneng kanjeng Nabi Muhammad saw. Ternyata ingkang dipun sawang deneng Barro’ perihal sholate Rosulullah saw kolowau engge meniko kados mekaten:
1.Rosulullah takbir banjur ngadek 2. Rosulullah rukuk 3. Rosulullah bangkit sakeng rukuk 4. Rosulullah sujud  5. Rosulullah duduk antara dua sujud  6. Rosulullah sujud kembali 7. Rosulullah duduk takhiyat awal 8. Rosulullah duduk takhiyat akhir banjur Rosulullah menutup sholatnya dengan salam.
Barang Barro’ wes nyawang dewe oh tibak’e sholate Rosulullah urut-urutane koyok ngono berarti engko lamun kapan ndewek sholat yo urut-urutane kudu persis koyok ngono. Engko lamun ndewek sholat banjur urut-urutane gak persis koyok ngono mongko sholat ndewek meniko bakal rusak ateges sholat ndewek meniko mboten sah jalaran gak podo persis koyok dene urut-urutane sholat sing dicontokno deneng Rosulullah. Mulo hasil pengamatan Barro’ terhadap sholatnya Rosulullah saw secara langsung meniko saged maringi pelajaran dumateng kito supadoso kito meniko menawi sholat mboten angsal nganggo coro sak karepe dewe. Ateges urusan sholat meniko kedah berkiblat langsung dumateng sholate Rosulullah. Sebab sholat meniko wonten kiblate engge meniko Rosulullah saw mongko sholate wong sak donyo iki iso podo kabe rukun-rukune lan urut-urutane jalaran dipadakno persis koyok dene sholate Rosulullah saw. Yo ngono iku carane menungso nyembah dumateng gusti Allah engge meniko dipun mulai kalian takbir– terus ngadek, terus rukuk, terus bangkit, terus sujud, terus duduk,  terus sujud kembali, terus duduk takhiyat, banjur dipun akhiri kalian salam. Kesimpulane rukun-rukune sembahyang meniko sampun dipun atur pathok bangkrong. pathok bangkrong dalam arti wes gak kenek ditambai yo gak genek dikuragi tapi kudu persis koyok dene sing dicontokno nabine. Kiranya seperti itu yang dimaksud hadis yang saya baca semoga bisa kita terapkan dalam prkatek sholat kita sehari-hari. Sekian terimakasih. wassalam

Tidak ada komentar:

Posting Komentar