I made this widget at MyFlashFetish.com.

Jumat, 24 Februari 2012

ISTRI BOLEH MENSEDEKAHKAN HARTA SUAMINYA


وعن أسماء بنت أبى بكر أنّها سألت النبيّ صم. إنّ الزّبير رجل شديد. ويأتينى المسكين فأتصدّق عليه من بيته بغير إذنه, فقال رسول الله صم أرضحي ولا توعى فيوعي الله عليك (رواه أحمد)
Dan dari Asmak binti Abu Bakar sesungguhnya ia bertanya kepada Nabi saw: Sesungguhnya Zubair adalah seorang yang keras, padahal ada orang yang miskin datang kepadaku, bolehkah aku bersedekah kepadanya dari harta Zubair tanpa seizinya? Rasulullah menjawab: keluarkanlah dan jangan enkau kikir karena nanti Allah akan kikir kepadamu. (HR Ahmad)
Penjelasan:
Asmak tau nekani Nabi kaperlu nglapurno bojone. Bojone  Asmak sing arane Zubair iku dilaporno dumateng kanjeng Nabi. Trus opo perkarane? Nabi takon nang Asmak. Banjur Asmak crito dumateng baginda Rasul. Rasul bojo kulo niku lho nyenget. Nyenget kepiye sampean iku gak tau diblanjani ta? Bojo kulo niku medit Rasul. Medit kepiye sampean iku gak tau dinafkai ta? Bojo kulo niku bakhil Rasul? Bakhil kepiye sampean gak tau diingoni ta? Nek urusan blonjo Rasul kulo enggeh tetep diblanjani, nek urusan nafkah Rasul kulo engge tetep dinafkahi, nek urusan ngingoni bojo Rasul kulo engge tetep diingoni, tapi saben ono wong miskin ngemis teko nang omah gak tau dikek’i karo bojoku, saben enten tiang ingkang njaluk ten griyo mboten  nate diparingi kale bojo kulo. Saben ono wong teko njaluk sodaqoh bojoku gak tau ngemei sodaqoh. Mulo songko iku Rasul  bojoku iku tak arani wong sing nyenget, mulo songko iku Rasul bojoku iku tak arani wong sing medit. Mulo songko iku Rasul  bojoku iku tak arani wong sing bakhil. Sebab iku Rasul tak laporno dumateng panjenengan. Suwe-suwe aku gak mentolo Rasul, pas bojoku gak nang omah ono wong ngemis teko njaluk sodaqoh, banjur tak pekno duwik blonjo Rasul tanpa sepengetahuan suamiku atau tanpa izinnya suami. Kok umpamane aku kondo bojoku Rasul wis jelas diomeng sebab watek’ke bojoku iku nyenget,medit,bakhil, mentolo karo wong miskin tur gak seneng paring shodaqoh. Trus wong wedok nyolong laku ngapek duwik blonjo kaperlu untuk sodaqoh tanpa izinya suami ngoten niku dospundi Rasul. Angsal nopo mboten angsal. Menawi angsal bade kulo paringi sodaqoh maleh bele wonten tiang ngemes, menawi mboten angsal engge bade kulu lereni. Rasulullah jawab “ardhikhii walaatui’ ateges oleh senajan gak kondo bojomu, ojo pisan-pisan sampean mbalikno wong ngemis, ojo pisan-pisan sampean nolak wong ngemis sebab nek awakmu mentolo karo wong ngemis mongko gusti Allah bakal mentolo marang awakmu tapi nek awakmu luman mongko gusti Allah bakal jembarno rezeki sampean.
 Kesimpulan: oh ngono yo islam iku nek ono wong ngemis gak oleh diobrak tapi kudu diparingi sakwelase. kudu diparingi sak ikhlase, kudu diparingi sak duwene lamun terpaksa gak iso maringi diomongi sing sae ojo disinggung perasaane. Mulo kulo mboten setuju lamun ono deso masang papan pengumuman sing isine: pengamen, pemulung, pengemis dilarang keras masuk desa ini. Berarti deso iku mau deso sing nyenget dan itu menusuk perasaanya sipengemis padahal kata Rasul hormatilah pengemis itu dengan cara berilah sodaqoh seikhlasmu nanti Allah lah yang akan membalasmu. Kiranya seperti itu hadis yang dimaksud. Cukup Sekian dan trimakasih.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar