I made this widget at MyFlashFetish.com.

Jumat, 08 Februari 2013

Ancaman bagi orang laki-laki yang memanjangkan kainya dibawah mata kaki saat sholat


 
Bapak Muntaha, S.Ag, S.Pd

عن أبي هريرة رضي الله عنه أنّ رسول الله صلعم قال: ما أسفل من الكعبين من الإزارففي النار (رواه البخاري)
Dari Abu Huroiroh bahwa Rosulullah saw bersabda: Bagian dari kain sarung yang lebih rendah dari kedua mata kaki berada didalam neraka HR. Bukhori

Penjelasan:
Hadist meniko khusus ngatur bab carane berpakaian dalam sholat. Kanggone wong lanang nek kapan sholat meniko boten angsal gawe rukoh sebab rukoh itu pakaian sholat khusus untuk orang wanita. Sebaliknya kanggone wong wedok nek kapan sholat meniko boten angsal damel  sarung utowo clono sebab sarung lan clono meniko pakaian sholat khusus untuk orang laki-laki. Hal ini memberi pengertian bele wong wedok kapan sholat iku kudu gawe rukoh trus wong lanang kapan sholat iku kudu gawe sarung utowo gawe clono.
Nek kapan sholate wong wedok iku gawe rukoh mongko rukoh sing digawe sholat kolowau boten angsal cingkrang utowo mboten angsal cekak. Mboten angsal cingkrang utowo gak oleh cekak iku ateges rukoh sing digawe sholat kolowau kudu landung yoiku landung sak ningsore kedua mata kaki sehingga kedua mata kaki orang perempuan tidak bisa dilihat oleh mata saat sholat karena tertutupi oleh pakaian sholat engge meniko rukoh. Berarti kapan ono wong wedok sholat terus sikile utowo tungkae ketutupan rukoh yo sholat ngono iku sing bener kanggone wong wedok. Sebalik’e kapan ono wong lanang sholat terus sikile utowo tungkak’e ketutupan sarung utowo ketutupan clono mongko wong mau bakal diancam deneng kanjeng Nabi engge meniko diancam bakal mlebu nroko.
Berarti wong lanang kapan sholat iku tungkak’e kudu ketok. Supoyo tungkak’e ketok mongko sarunge kudu rodok diangkat bebetane utowo clonoe kudu diwingkis sak duwure tungkak mergo kapan clonoe gak diwingkis kuwatir nutupi tungkak. Trus kapan tungkak’e ketutupan cek’e iku ketutupan sarung cek’e iku ketutupan clono mongko resikune gede munggue agomo yoiku diancam dengan masuk neraka. Mulane  kanggone wong sing wis paham masalah iki mesti ati-ati anggenipun berpakaian dalam sholat.
Kesimpulane wong lanang kapan sholat tungkak’e kudu ketok tapi kapan wong wedok sing sholat tungkak’e kudu ketutupan rukoh. Nek kapan ono wong lanang sholat terus sarunge sampek nglembreh reng tekel sehingga menutupi kedua mata kakinya maka cara berpakaian dalam sholat yang seperti dilarang dalam agama. Sebalik’e kapan ono wong wedok sholat terus rukoe nglembreh reng tekel sehingga menutupi kedua mata kakinya maka cara berpakaian dalam sholat yang seperti itu malah dianjurkan oleh agama.
Jadi dengan bahasa yang lebih jelas nek kapan wong lanang sholat mongko tungkak’e kudu diketokno tapi kapan wong wedok sing sholat tungkak’e gak oleh diketokno. Nek kapan ono wong lanang sholat banjur tungkak’e diketokno yo ngono iku sing bener munggoe fiqih. Sebalik’e nek kapan ono wong wedok sholat banjur tungkak’e ditutupi yo ngono iku sing bener munggoe fiqih. Selagi engko kapan gak koyok ngono ateges sholate wong lanang banjur tungkak’e ditutupi, sholate wong wedok banjur tungkak’e diketokno mongko pelakunya diancam masuk neraka. Pramilo sakeng meniko ayo diwingkis clonoe ayo diangkat bebetan sarunge sampek ketok tungkak’e lan kanggone sing wedok ayok dilandungno rukoe sampek nutupi tungkak’e. seperti itu yang dimaksud hadis yang saya baca semoga bisa kita terapkan dalam sholat kita. Sekian.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar