I made this widget at MyFlashFetish.com.

Minggu, 30 Desember 2012

ANJURAN SHOLAT DHUHA UNTUK RAIH RIZQI

Bapak Muntaha,S.Ag, S.Pd 
عَنْ نُعَيْمِ بْنِ هَمَّارٍ أَنَّهُ سَمِعَ رَسُولَ اللَّهِ صم يَقُولُ: قَالَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ يَا ابْنَ آدَمَ لاَ تَعْجِزْ عَنْ أَرْبَعِ رَكَعَاتٍ مِنْ أَوَّلِ النَّهَارِ أَكْفِكَ آخِرَهُ . رواه أحمد
Dari Nu’aim bin Hammar, beliau mendengar Rasulullah saw  bersabda, “Allah Ta’ala berfirman: Wahai anak Adam, janganlah engkau tinggalkan empat raka’at shalat di awal siang (sholat Dhuha). Maka itu akan mencukupimu di akhir siang.
Penjelasan:
Nabi Muhammad saw meniko nate dipun pesani deneng gusti Allah. Ngene pesene Mad Muhammad temen yo pesenku iki engko sampean sampekno marang umatmu. Banjur Nabi Muhammad jawab. Engge gusti pesene panjengan meniko bade kulo sampek’ake dumateng umat kulo trus kiro-kiro pesen nopo seh  gusti sajak’e kok penting banget. Ngene Muhaammad Kandanono umatmu  ojo sampek lali ninggalno sholat dhuha akehe 4 rokaat. Selagi umatmu engko gelem nglakoni sholat dhuha 4 rokaat mongko rejekine bakal tak tanggung mulai isok iku sampai hilangnya waktu dhuha. Tak balane mane sopo sopo wonge sing gelem nglakoni sholat dhuha akehe 4 rokaat mongko mulai isok iku sampai hilangnya waktu dhuha rezekinya akan ditanggung oleh Allah saw.
Hadis meniko isuk sore isuk sore kulo pikir. gusti Allah arep nanggung rejekiku banjur kiro-kiro kepiye carane.  Gusti Allah gak bakal menehi rejeki marang awakku lewat pertanian sebab kulo mboten petani. Gusti Allah mboten bade bakal menehi rejeki marang awakku lewat nelayan sebab kulo mboten nelayan. Gusti Allah mboten bade bakal menehi rejeki marang awakku lewat perdagangan soale kulo mboten pedagang. Trus  kapan lewat petani gak, lewat nelayan gak, lewat perdagangan gak banjur kiro-kiro gusti Allah nanggung rejekiku lewat opo lamune sholat dhuha iki engko bener-bener tak lakoni 4 rokaat saben isok.
Banjur kulo mletek pikire. Mungkin gusti Allah maringi rejeki marang aku lewat sound system sebab kulo duwe sound system. Ateges engko kapan sound system kulo meniko enten sing nyewo berarti gusti Allah bakal maringi rejeki lewat dalan sound system. Utowo lewat dalan liyane sebab penggawean kulo niko nagehi rekening listrik mungkin gusti Allah bakal nanggung rejekiku lewat rekening listrik. Banjur konsep agama meniko kulo mencoba untuk mempraktekkan. Opo bener ta kapan sholat dhuha 4 rokaat banjur rejekine bakal ditanggung deneng gusti Allah. Dengan niat yang mantap dan harapan yang kuwat bahwa dengan sholat dhuha 4 rokaat rezeki saya akan bertambah dan dimudahkan oleh Allah saw. Ternyata hasilnya banyak pelanggan ujungpangkah yang berubah sikap. Mereka berkata seperti ini. Wis pak muntaha enak sampean parani wae timbang bayar listrik nok KUD leren antri kangelan mlaku wis angur sampean jupuk wae mrene.
Waktu wong mau muni ngono banjur kulo muni barik gusti Allah. Ya Allah matur suwun gusti janjimu benar.sehinggo krentek nglakoni sholat dhuha 4 rokaat iku tambah nyereng tambah madep mantep jalaran akeh wong wong podo seneng bayar listrik pada surat tagihan yang ditugaskan kepada saya. Kulo cumak bondo dengkul oleh rejeki 1000 perlember. Nek kapan ono wong bayar akehe wong 300 berarti kulo angsal rejeki 300. Kadang2 kulo mikir lho yo wong penggaweane podo rejekine kok iso gak podo. Konco kulo niko roto roto oleh bonus 50.000 tapi kulo angsal bonus 200.000 kacek’e kok 150.000 banjur kulo nyobak takon. Opo sebabe bonus kulo kok akeb dewe dibanding konco-konco liyane. Jawabe Sebab penggaweyane sampean luwih berat katimbang liyane. Tapi sing kulo rasakno opo ngene iki ta kiro2  sing dimaksud gusti Allah janji marang hambane engko rejekimu bakal tak tanggung. Sepertinya itu adalah fakta contoh dalam sekala kecil karena memang pekerjaan saya kecil maka rejeki saya kecil. Seandainya pekerjaan saya besar mungkin rejeki yang akan saya terima juga besar. Jadi gusti Allah memberikana rejeki itu disesuaikan dengan usahanya.  Karena yang berpesan kepada nabi Muhammad itu gusti Allah yaitu perihal sholat dhuha bisa mendatangkan rejeki silahkan dicoba dengan penuh keikhlasan dan keyakinan yang mantap insya Allah gusti Allah bakal nyembadani. Sekian.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar