I made this widget at MyFlashFetish.com.

Senin, 31 Desember 2012

PESUGIHAN ALA ISLAM

Bapak Muntaha,S.Ag, S.Pd
اَ


Do'a Setelah Sholat Dhuha

اَللّهُمَّ اِنَّ الضُّحَاءَ ضُحَاءُكَ وَالْبَهَاءَ بَهَائُكَ وَالْجَمَالَ جَمَالُكَ وَالْقُوَّةَ قُوَّتُكَ وَالْقُدْرَةَ قُدْرَتُكَ وَالْعِصْمَةَ عِصْمَتُكَ اَللّهُمَّ اِنْ كَانَ رِزْقِى فِى السَّمَاءِ فَاَنْزِلْهُ وَاِنْ كَانَ فِى اْلاَرْضِ فَاَخْرِجْهُ وَاِنْ كَانَ مُعَسِّرًا فَيَسِّرْهُ وَاِنْ كَانَ حَرَامًا فَطَهِّرْهُ وَاِنْ كَانَ بَعِيْدًا فَقَرِّبْهُ بِحَقِّ ضُحَائِكَ وَبَهَاءِكَ وَجَمَالِكَ وَقُوَّتِكَ وَقُدْرَتِكَ آتِنِى مَااَتَيْتَ عِبَادَكَ الصَّالِحِيْنَ

“Ya Allah, sesungguhnya waktu dluhaa itu adalah waktu Mu, keagungan itu adalah keagungan-Mu, keindahan itu adalah keindahanmu-Mu, kekuatan itu adalah kekuatan-Mu, kekuasaan itu adalah kekuasaan-Mu, penjagaan itu adalah penjagaan-Mu. Ya Allah, apabila rizqi kami di atas langit, turunkanlah, bila dalam bumi, keluarkanlah, bila sukar, mudahkanlah, bila haram, sucikanlah, bila jauh, dekatkanlah, berkat waktu dluhaa, keagungan, keindahan, kekuatan dan kekuasaan-Mu. Berikanlah kepada kami apa-apa yang telah Engkau berikan kepada hamba-hamba-Mu yang shalih-shalih.”


Penjelasan:
Niku wau dongo ingkang selalu dipun waus saksampunipun mengerjakan sholat dhuha. Banjur ingkang kulo pikir sakeng dongo kolowau engge meniko lamon ono wong amerika sholat dhuha berarti moco dongo iki. Lamon ono wong australia sholat dhuha berarti moco dongo iki. Lamon ono wong arab saudi sholat dhuha berarti moco dongo iki. Lamon ono wong ngimboh sholat dhuha berarti moco dongo iki. Nangkok podo pak wong amerika, wong australia wong arab saudi wong ngemboh kok podo wocoe dongo kok mboten dibedakno antarane wong amerika australia arab saudi wong ngemboh,  jawabane sebab tuntunane ngoten mongko gak pandang sopo wae wonge sing sholat dhuha berarti moco dongo kados dongo ingkang sampun kulo waus kolowau.
Menurut faham kulo dongo sakmarine sholat dhuha intine niku sambat njaluk rejeki marang gusti Allah. Gusti lamon rejeki kulo niku panggonane ono ing dukur langit yo sampean don no gusti. Gusti lamon rejeki kulo niku panggonane ono ing jeru bumi yo sampen tok no gusti  . Gusti lamon rejeki kulo niku rodok repot yo sampean gampangno gusti. Gusti lamon rejeki kulo niku kharom yo sampean sucikno gusti. Gusti lamon rejeki kulo niku adoh yo sampean parekno gusti. Lah lek kapan ngene carane berarti dongo sholat dhuha iku podo karo sambat karo gusti Allah yoiku sambat njaluk rejeki utowo sambat marang gusti Allah njaluk sugeh.
Terkait kaleh sambat kolowau. Kulo nate butuh duwik akehe 5 juta. Banjur kulo sambat keluarga. Jawape kuluarga kapan 5.00.000 yo ono tapi kapan 5 juta yo gak ono. Banjur kulo sambat konco aku sampean silehi duwik 5 juta tak tinggali jaminan BPKB jarak 5 ulan tak sauri. Jawape koncoku kapan butuh sak juta yo ono tapi kapan butuh 5jt yo gak ono. Artine sambat reng dulur sambat reng keluarga gagal. Sambat reng konco yo gagal banjur kulo sambat marang gusti Allah. Gusti kulo butuh duwik 5 juta. Carane sambat marang gusti Allah kulo sholat dhuha 4 rokaat banjur sakmarine sholat kulo moco dongo kolowau dadak esok esok ono wong salam assalamualaikum. Kulo jawab waalaikum salam. Mbah aku krungu jare sampean butuh duwik 5 juta iyo ta. Kulo jawab engge. Lho iki tak silehi duwikku disek wis nyaure gak usah bunga.
Sing kulo pikir biasae nyileh duwik mestine aku sing mlaku tapi iki diwalik duwik’e sing mlaku nang omahku, opo ngeneiki ta sing dimaksud gusti Allah nek kapan rejekimu repot ojo kuwatir lhe tak gampangno. Nek kapan rejekimu adoh ojo kuwatir lhe tak parekno. Berkat pengalaman sing koyok ngene banjur aku gak wani ninggalno sholat dhuha jalaran gusti Allah nyembadani dongo sing kulo woco khususe dongo sholat dhuha kolowau. Sampean coba dengan penuh ikhlas dan harapan yang kuwat insya Allah terkabul. Sekian trimakasih. wassalam

Tidak ada komentar:

Posting Komentar