I made this widget at MyFlashFetish.com.

Senin, 31 Desember 2012

SHOLAT TAHAJUT ADALAH CARA KITA MENDEKATKAN DIRI KEPADA ALLAH SWT 


Bapak Muntaha,S.Ag,S.Pd
أَفْضَلُ الصِّيَامِ بَعْدَ شَهْرِ رَمَضَانَ شَهْرُ اللَّهِ الْمُحَرَّمُ وَأَفْضَلُ الصَّلَاةِ بَعْدَ الْفَرِيضَةِ صَلَاةُ اللَّيْلِ
Sebaik-baik puasa setelah puasa Ramadhan adalah puasa pada bulan Allah –Muharram-. Sebaik-baik shalat setelah shalat wajib adalah shalat malam.”5
 
Penjelasan:
Secara garis besar hadist meniko maringi informasi dumateng kito bele poso sing paling afdhol sakmarine poso romadhon gak ono mane kejobo poso pada bulan muharrom. Sing nomor 2 sholat sing paling afdhol sak marine sholat fardhu gak ono mane kejobo sholat tahajut. Berarti ono amalan 2 sing nilaine gak ono tandingane lamon dewek iso nglakoni. sing nomor 1 engge meniko poso muharrom lajeng sing nomor 2 engge meniko sholat tahajut. Gambarane sing sopo wonge gelem poso muharrom lan ugi gelem sholat tahajut mongko wong iku mau podo wae karo marek dumateng pengerane.
Ingkang bade kulo kupas wonten ing kuliah subuh meniko boten poso muharrome ananging sholat tahajut. Munggoe pemikiran kulo sopo sopo wonge sing gelem sholat tahajut mongko wong iku mau podo karo marek marang gusti Allah. sopo sopo wonge sing gelem sholat tahajut Mongko wong iku mau podo karo parek karo gusti Allah. Trus kapan sampean iku wis parek karo gusti Allah sampeyan tak gambarno koyok dene siknale HP.
HP sing kulo damel meniko kulo damel karu M3. Hpne kulo cekel dek ngemboh tapi antene melu anten indosat. La anten indosat iku panggonane nok banyuurip. Sebab HPne dek ngemboh antene dek banyuurip siknale gak patio kuwat. Neko-neko kadang ono siknal kadang ora ono siknal jalaran jarak’e rodok aduh karo anten. Banjur kulo ganti kartu simpati. Hpne dek ngimboh antene yo dek ngemboh. Sebab Hpne dek ngimboh antene yo dek ngimboh mongko siknale kuwat jalaran antara HP dengan anten jaraknya cukup dekat. Dadi kesimpulan kulo HP iku kapan soyo parek karo anten mongko siknale yo soyo kuwat. Kosok walik’e HP iku kapan soyo ado songko anten mongkon siknale yo soyo lemah utowo soyo berkurang. Nek kapan kepengen siknale HP kolowau kuwat yo Hpne sampean parekno anten. soyo parek anten soyo kuwat soyo siknale, soyo adoh songko anten soyo lemah utowo tambah berkurang siknale.Lah menungso barek gusti Allah iku yo tak padakno karo siknale HP ateges nek kapan sampean iku soyo parek karo gusti Allah mongko gusti Allah yo soyo parek dumateng panjenengan. Kosok walik’e nek kapan sampean iku soyo adoh karo gusti Allah mongko gusti Allah yo soyo adoh dumateng panjengan.
Trus kepiye carane dewek iki marek marang gusti Allah. Gusti Allah iku disawang gak ketok tapi dewek dikongkon marek banjur kepiye carane marek. Carane marek gusti Allah kudu ijen, bengi tengah wengi usume wong podo turu banjur tangi dalu gusti Allah diparek nganggo coro sholat tahajut. Sholat tahajut iku gak ono wong wero kejobo awak’e dewe sing glakoni sebab marek gusti Allah iku suasane kudu suasana sing hening  suasana sing tenang pikiran madep mantep nek kapan gak berhasil nyawang gusti Allah yo dewek iki sing pasti disawang gusti Allah.
Ing nalikane menungos iku sholat tahajut koyok-koyok’o gusti Allah iku ono nek ngarepe dewek sakeng parek’e cumak gak ketok disawang moto dewek. Nah dalam situasi yang tenang seperti itu pintu langit dibukak krieett. Banjur dewek karo gusti Allah dikek’i ajang segoro njaluk opo kiro-kiro awakmu bakal tak sembadani penjaluk’anmu asal sing pok jaluk nganggo coro sunnatullah.
Dadi carane marek marang gusti Allah iku gak ono coro sing paling ampuh kecobo marek nganggo coro sholat tahajut. Lah nek kapan ngono carane berarti dewek iki kudu tangi dalu perlu berkomunikasi langsung dengan pengeran melalui jalur sholat tahajut. Tapi gak kabeh wong iso nglakoni sholat tahajut senajan iso tangi dalu. Roto-roto wong tangi dalu iku yo nguyoh mari nguyoh yo balik turu mane. Nopo sebape kok mekaten. Sebab sholat tahajut iku prilakune poro Nabi, prilakune poro sahabat, prilakune poro ulamak lan prilakune wong iman sing sholeh.
Senajan sampean krungu pidato sing koyok ngene iki gak njamin iso nglakoni kecuali sampean angsal hidayah sakeng gusti Allah. Sampean kapan kepengen nyobak kudu pasang niat sing kuwat trus kapan wis tumeko dadi kebiasaan gak sholat tahajut ping pisan wae getune setengah mati jalaran sholat tahajut iku iso ngefek renggone jiwa sing tenang jalaran parek karo gusti Allah sehinggo gusti Allah iku soyo diparek rasane jiwa iki soyo tenang ora serba kekurangan tapi serba kecukupan. Opo yo ngono sampean jajal. Sekian.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar