I made this widget at MyFlashFetish.com.

Senin, 07 Januari 2013

MASUK SURGA DENGAN MENJAWAB ADZAN

Bapak Muntaha, S.Ag, S.Pd

عن عمر بن الخطاّب قال:قال رسول الله صلعم إذا قال المؤذّن: الله أكبر ألله أكبر فقال أحدكم: الله أكبر ألله أكبر. ثمّ قال: أشهد أن لا إله إلاّ الله.قال: أشهد أن لا إله إلاّ الله. ثمّ قال: أشهد أنّ محمّدا رسول الله. قال: أشهد أنّ محمّدا رسول الله. ثمّ قال: حىّ على الصلاة. قال: لا حول ولا قوّة إلاّ بالله . ثمّ قال:حىّ على الفلاح. قال: لا حول ولا قوّة إلاّ بالله. ثمّ قال: الله أكبر ألله أكبر. قال: الله أكبر ألله أكبر. ثمّ قال:لا إله إلاّ الله. قال: لا إله إلاّ الله, من قلبه دخل الجنّة (روا مسلم)
Penjelasan:
Lamun ndewek arep jamaah sholat maghrib, ndewek mesti dipanggil disek deneng gusti Allah melalui panggilan adzan sholat maghrib. Lamun ndewek arep jamaah sholat isyak, ndewek mesti dipanggil disek deneng gusti Allah melalui panggilan adzan sholat isyak. Lamun ndewek arep jamaah sholat subuh, ndewek mesti dipanggil disek deneng gusti Allah melalui panggilan adzan sholat subuh. Lamun ndewek arep jamaah sholat dhuhur, ndewek mesti dipanggil disek deneng gusti Allah melalui panggilan adzan sholat dhuhur. Lamun ndewek arep jamaah sholat asar, ndewek mesti dipanggil disek deneng gusti Allah melalui panggilan adzan sholat asar.
Oh nek ngono berarti gusti Allah panggil ndewek sedino sewengi iku akehe ping limo. Akehe ping limo diitung teko panggilan sholat maghrib, panggilan sholat isyak, panggilan sholat subuh, panggilan sholat dhuhur dan panggilan sholat asar. Carane gusti Allah manggil gusti Allah tidak turun tangan secara langsung tetapi gusti Allah memanggil sholat itu diwakilkan lewat muadzin atau lewat orang yang bertugas adzan.
Oh nek ngono kapan ono suworo adzan iku podo karo suworone gusti Allah sing maksute iku sampean dipanggil utowo deceluk deneng gusti Allah kaperlu diperintahno sembahyang disek. Mulo umpamane sampean krungu suwarane gusti Allah sing ropo adzan banjur sampean mikir lho ikilak suwarane gusti Allah adzan oh aku tak mandek disek penggaweanku tak tekanane panggilane gusti Allah iki ateges barang krungu adzan langsung nang masjid kaperlu sholat jamaah lamun sampean iso ngetrapno sing koyok ngono mongko iku sing dimaksud sampean luwih mentingno panggilane gusti Allah katimbang mentingno penggawean. Mongko sampean bakal oleh status wong iman sing sejati sing wong liyo jarang iso sing nglakoni.
Sebab adzan iku suwarane gusti Allah yoiku manggil sholat mongko ndewek kudu menghormati panggilane gusti Allah kolowau dengan cara mendatangi sholat berjamaah mongko saben-saben ndewek krungu suwarane gusti Allah sing ujute adzan kolowau kito kedah purun jawab panggilan kolowau. Adapun cara kita menjawab panggilan adzan adalah sama dengan lafadz yang diucapkan oleh muadzin kecuali : khaiya alasholah –khaiya alal  falah dijawab dg ucapan la khaula wala kuwwata illa billa. Engko kapan ndewek iku wis gelem jawab suwarane gusti Allah sing ropo adzan yoiku suworo adzan maghrib ndewek jawab. suworo adzan isyak ndewek jawab. suworo adzan subuh ndewek jawab. suworo adzan dhuhur ndewek jawab. suworo adzan asar ndewek jawab. Mongko janjine gusti Allah temen lhe sampean mene iku tak pastekno bakal mlebu suwargo. Lak nek kapan jawab adzan iku iso dadi dalane mlebu suwargo yo ayo dijawab wae saben2 ndewek iki krungu adzan, mari jawab adzan maghrib isyak subuh dhuhur asar dijamin mlebu suwargo maka berarti harapan besar bagi bisa masuk kedalam surga gara-gara menjawab panggian adzan. Semoga saja demikian amin.













Tidak ada komentar:

Posting Komentar